Search This Blog



Kedadeyan kiye dialami rikala penulis tesih nyambut gawe dadi satpam perusahaan pengalengan iwak nang Tambakboyo, Tuban, Jawa Timur. Kaya adat saben, budhal lan mulih kerja aku mesthi ngebis. Kadhang kala sok nggawa sepedha motor dhewek nek agi kesusu. Omahku neng Jatirogo, ora usah tek kandhakena arane kampunge. Sanadyan kutha kecamatan ning pembangunan nang Jatirogo kena diarani lumayan. Saurute pinggir dalan penghijauan digrengsengake, utamane wit mahoni lan wit asem retep-retep kaya petamanan. Katon endah lan edi peni apa maning camate piyayi kang pinter lan merbawani.

nang tengah-tengahe kutha kecamatan mau ana dalan prapatan kang rinengga tugu awangun roket. Jarene biyene tinggalane Landa! Dilestarekake kanggo ngeling-eling campuhing prang kaum Republik lumawan penjajah.

Numpak bis cilik jurusan Tuban-Jatirogo pancen penak ya ayem tur mbayare murah. Aku dhewewisabunemen. Saka bis mau aku bisa nonton sesawangan gisike segara lor utawa pantura sing akeh prau layare.

Ora krasa bis sing tak tumpakiwistekan terminal Jatirogo. Niyatku sore kuwi arep mlaku wae nganti tekan ngomah, ora mbecak kaya biyasane. Pancen tanggale tuwa, rokok wae ngecer. Mula kudu ngirit.

“Wismlaku wae,” ngono krenteging atiku karo udud jedhal jedhul turut pinggir dalan.

Ora let suwe lakuku tekan sangarepe pasar. Rokok tak tugel latu pucuke. Karepku tak udud maning mengko yenwistekan omah. Aku nerusake laku ngiras olahraga.

“Lho kok akeh sapi lan wedhus padha dituntun para kadang dhusun?” batinku. O, jebul sore iki malem Jemuah utawa dina pasaran sapi nang Jatirogo saben seminggu sepisan.

Sauntara kuwi wancinewiscandhik ala. Aku krasa kesel, ning tetep mlaku. “Adhuh …”! Ndadak sikilku kesandhung watu. Pucuke sepatuku jebol, ning tetep tak enggo.

Aku leren sedhela saperlu naleni pucuke sepatu mau nganggo karet gelang sing tak temu ana pinggir dalan kono. Bubar ngono lakuku tak rikatake amrih enggal tekan omah.

Ngepasi ngliwati Puskesmas swasana saya sepi. Nalika iku lampu panerangan dalan durung pati jangkep. Ujug-ujug irungku mambu ganda arum. Ganda sing durung nate tak ambu ning kaya-kaya bisa mbangkitake kekuwatan lan nentremake batin. Suwe-suwe rumangsaku aku turu karo mlaku. Dumadakan saka lurung sakulone Puskesmas mau ana wong wadon gedhe dhuwur, rambute ngembang mbakung sebau, nganggo sandhal jinjit lan clana jean.

Solah bawane mbencongi. Nalika arep nyabrang dalan dheweke nyapa aruh aku: “Mas kenapa kok nggak naik becak?” ngono pitakone nganggo basaIndonesia.

“Tidak apa-apa. Ingin jalan masak ndak boleh,” wangsulanku.

“Saya antar ya,” dheweke nekad.

“Tidak mau,” wangsulanku atos karo mlaku luwih banter maning .

Aku mbatin, wong kuwi kok ngerti yen sabendina aku numpak becak lan dina iki ora duwe dhuwit. Apa saben bengi dheweke weruh aku liwat, kok ndadak nawani jasa ngeterke aku barang?

Wisora ngreken kahanan kaya ngono kuwi, aku terus bablas mlaku wae. Saungkurku wong mau terus nyabrang dalan mangalor parane karo panyaruwene, “Yawismas yen ora gelem ra dadi apa. Ngono wae kok nesu,” krunguku samar-samar.


Bengine aku ngimpi bisa mabur dhuwur diajak wong wadon muter-muter sandhuwuring kutha

Angin ketiga nabraki wit-wit asem, wohe ceblok siji-siji. Bengi kuwi embuh malem Jemuah apa. Aku jarang mbukak tanggalan. Hawane adhem tenan. Mangka biyasane ora ngene. Ning ya gene kringetku padha rontog nelesi klambi sragamku lan wuluku rasane padha ngadeg. Aku noleh memburi. Wanita sing nglanangi mau nyabrang dalan mangalor gek arep nyang endi?. Kamangka lor dalan kuwi lapangan bal-balan duweke desa. Sak lor wetane maning lemah tilas makam pahlawan singwisdipindhah menyang kutha kabupaten. Karo maning saelore lapangan mau alas jati singwispadha ditebangi. Apa pawongan mau yektine kuntilanak?

Wisora perlu dipikir. Saiki klambi seragamkuwisgaring. Akuwistekan omah. Sajake bojoku lali nutup kori. Aku mbukak kamar, bojokuwisturu kepati. Kopi nang cangkir sing disediyakake bojoku tak sruputwisanyep. Gemblong sakepelwisrada mambu tak emplok ngono wae. Aku banjur nerusake udud maning sisa tugelan rokok mau. Ora krasa aku keturon ana kursi ruwang tamu.

Bengine aku ngimpi bisa mabur dhuwur dijak wong wadon kuwi muter-muter ana sak dhuwuring kutha gedhe sing rame banget. Merga pengin weruh isen-isening kutha aburku saya cendhek. Aku banjur diudhunake ana sapinggire kali sing akeh bayane. Karo ninggal aku wanita kuwi ngucap. “Aja gampang sulaya ya mas ….”

Aku wedi lan mlayu ana sauruting gisik. Dumadakan nang ngarepku ana macan sing lagi metu saka gegrumbulan. Aku wedi lan bengok-bengok.!

“He mas, ana apa? Tangi-tangi, sampeyan nglindur. Wong turu kok sepatune ora dicopot?!” bojoku guga-gugah aku. Jebulwisparak esuk.

Esuke aku takon Yu Kamirah tanggaku, apa bener nang dhukuhan kene ana warga sing solah bawane mbencongi? “Wiwit cilik nganti tuwek iki kok ora tau tumon yen ana warga sing bencong. Eneng apa ta mas?” takone sumelang.

Sawise tak critane kabeh kedadeyan mau bengi Yumi cluluk sajak gumun. “Wooo kuwi sundel bolong. Slamete sampeyan ora gelem diterne!” muni ngono karo njuwowos.

Nyut aku kelingan ibuku swargi nalika isih ngasta dadi bidhan. Ngendikane nate diweruhi wong wadon tanpa geger ana ngisor wit asem kembar ngarep Puskesmas kono.

Jane wektu arep mulih wingi kae akuwisdisangoni bosku amplop isi dhuwit. Karepe ben aja mlaku. Ning amplop mau lagi tak bukak sawise tekan omah. Lan isine dhuwit rong puluh ewu. Lumayan.

Esuk kuwi aku budhal kerja nggawa sepeda motor ngiras karo mampir nang pasar ndondomake sepatu sing jebol merga kesandhung wingi.

Saiba gumun ngunguning atiku, bareng mulih kerja tak parani jebul sepatuku ora jebol. Lan gelang karet sing tak enggo tali wingi kuwi pranyata bangkene anak ula singwisgaring.

Aku ora percaya impen. Apa iki sing diarani alam bawah sadhar lan katon wewujudan kaya mangkono iku? Ora let suwe saka kedadeyan kuwi kabeh, aku dijak nyambut gawe sing luwih mapan dening Paklike bojoku sing ana nengSurabaya.

Perlu dikawuningani, keanehan sing tau tak alami kuwi ora nate tak critakake bojoku nganti rolas taun lawase. Lagi wingi nalika aku nulis Alaming Lelembut iki.

“Ora ngandel Mas,” ujare bojoku karo ngrangkul pundhakku sawise maca tulisanku iki.

Ning iki kabeh mujudake pamujiku marang Gusti nalika aku isih rekasa ana ndesa biyen. (Cuthel)

0 komentar:

Posting Komentar

Labels

pemilu (25) Pilpres (22) Berita (21) BBC (20) Dunia (20) Hari Ini (20) Cilacap (19) Download (16) Technology (13) Music (12) Perda (12) People (11) Pemilu2014 (9) Pilpres 2014 (9) Web Design (9) Graphic Design (8) Motion Design (8) DCS (7) Fashion (7) Foods (7) PEMILU 2019 (7) Sports (7) Video (7) Gallery (6) Nature (6) Travel (5) tv streaming (5) Phone (4) Cars (3) Cilacap Regency (3) City (3) Entertainment (3) Kesehatan (3) Kuliner (3) Wisata (3) Banyumasan (2) Central Java (2) Indonesia (2) Miras (2) Movies (2) PPWP (2) Pemilu Presiden (2) Print Design (2) RUBRIK (2) Rekap (2) Server (2) SlideShare (2) Title (2) Update (2) VOA (2) inovator (2) kopi (2) BASARNAS (1) PENEMUAN MAYAT (1) 2019 (1) Ada (1) Africa (1) Alaming Lelembut (1) Ardi (1) Asia (1) BASARNAS (1) Calvin Harris (1) DIRGAHAYU (1) Dan (rank) (1) Gaji PNS (1) Gaji ke-13 (1) Gaya Hidup (1) Government (1) HUT RI (1) KPU (1) Kebumen (1) Kenya (1) Korupsi (1) Kudhi (1) Kudu (1) Lebaran (1) Lecturer (1) Los Angeles (1) MTN Group (1) Microsoft PowerPoint (1) New Zealand First (1) Panyebar Semangat (1) Parpol (1) Parpol Pemilu 2019 (1) Penemuan Mayat (1) Pensiunan PNS (1) Peraturan Bupati tahun 2011 (1) Peraturan Bupati tahun 2012 (1) Peraturan Bupati tahun 2013 (1) Peraturan Bupati tahun 2014 (1) Perbup 2011 (1) Perbup 2012 (1) Perbup 2013 (1) Perbup 2014 (1) Perda Cilacap tahun 2000-2014 (1) Perda Cilacap tahun 2004 (1) Perda Cilacap tahun 2005 (1) Perda Cilacap tahun 2006 (1) Perda Cilacap tahun 2007 (1) Perda Cilacap tahun 2008 (1) Perda Cilacap tahun 2009 (1) Perda Cilacap tahun 2010 (1) Perda Cilacap tahun 2011 (1) Perda Cilacap tahun 2012 (1) Perda Cilacap tahun 2013 (1) Perda Cilacap tahun 2014 (1) Peserta Pemilu 2019 (1) Pilpres2014 (1) Programming (1) Radio New Zealand (1) Rita Ora (1) Saka (1) Salah (1) Selasa (1) Short (1) Smiths (1) TIMSAR (1) Test (1) United States (1) Winston Peters (1) X Factor (1) air putih (1) alam (1) alzheimer (1) anti beku (1) apel (1) bakin soda (1) barista (1) batu ginjal (1) bawang bombay (1) brokoli (1) buah-buahan (1) cappucino (1) centhini (1) cnntvlivestreaming (1) dakwah (1) enzim (1) espresso (1) gigi (1) gizi (1) indomie (1) instan (1) italia (1) jawa (1) jeruk (1) kacang-kacangan (1) kamasutra (1) kanker (1) karsinogen (1) keju (1) latte macchiato (1) mie (1) ngapak (1) parkinson (1) pir (1) pohon tertua (1) sehat. penyakit (1) serat (1) strawberry (1) supermi (1) susu (1) tekanan darah (1) wortel (1) yoghurt (1)
 
Top