Kapan Negara Kita Bebas Utang?
Kahanan perekonomian negara kita saya ora karuwan juntrungé – yèn ora arep diarani morat marit. Nilai rupiah mrosod nganti sakndhuwuré Rp. 11.000 / dollar AS, senajan pertumbuhané isih ± 6%. Rakyat anané mung sambat ngaru-ara awit reregan saya mumbul. Cethané, sanggan rakyat saya abot, saya tambah mlarat. Minangka wong lumrah, indikatoré kemakmuran bisa dideleng yèn urip kita kecukupan sandhang pangan lan papan, awak séhat, lan sing ora kalah pentingé : ora duwé utang! Urip rasané tentrem yèn ora tansah di-oyak-2 tagihan utang sing kudu dibayar.
Nanging béda karo pemerintah kita, sing durung kasil ngéndhani jiretan utang. Nganti pertengahan taun 2013 utangé wis 2.023 Triliun. Lan iku ateges saben wong Indonesia nyangga utang Rp. 8,5 yuta. Cetha banget, rakyat saya mlarat. Taun 2004, utangé pemerintah SBY lagi 1.299,50 Trilliun. Saiki mundhaké wis 724,22 Triliun. Undhak-2an sing gedhé banget awit kudu mbayar cicilan pokok lan bungané. Taun iki kwajiban mbayaré 299,708 Triliun, = 17,3 % saka total blanjané negara ing APBNP 2013. Kamangka total anggaran kemiskinan mung 115,5 Trilliun, = 6,7 % saka total blanjané negara. Genahé, pemerintah luwih nengenaké maringi subsidhi wong sugih sing nduwèni SBN (Surat Berharga Negara) tinimbang nyubsidhi BBM kanggo wong miskin.
Utang secara bilateral, sing paling akèh saka Jepang, rata-2 259,64 Triliun / taun, 38,3 % saka total utang / taun. Utang hubungan multilateral saka Bank Dunia sasi Mei 2013 ±122 Triliun, = 21 % saka total utang. Saka ADB 95,77 Triliun = 16 % saka utang luar negri, durung kalebu SBN lan Valas. Kita sing ngarep-arep lan ngimpi kapan bisané negara ora duwé utang rasané wis pupus.
Wiwit jaman Orba, rasané warisan utang sak gunung wis dadi tradhisi sing bakal dadi sanggané pemerintah rezim saterusé. Kahanan ngono mau tetep mutawatiri. Kanthi sanggan utang sing saya akèh saben tauné tanpa ditimbangi mundhaké pendhapatan, APBN bisa jebol lan negara bisa bangkrut. Taun 2005 –2012, total pembayaran cicilan pokok lan bunga utang 1.584,88 Triliun.
Généya pemerintah kita tetep tumindak kaya mengkono? Pemerintah duwé alasan 4 perkara :
Sepisan : Utang dibutuhaké kanggo nutup biaya deficit APBN. Dadi kanggo nutup kekurangan ing APBN, kita bayar nganggo dhuwit utangan, alias gali lubang timbun lubang.
Kapindho : Senajan angka nominalé mundhak, nanging rasio marang PDB ing posisi aman.
Katelu : Utang pemerintah diarahaké kanggo ngolèhaké pembiayaan publik kanthi biaya lan risiko endhèk lan jangka panjang.
Kapapat : Pengelolaan fiskal lan utang pemerintah kita bisa saya apik. Senajan bab mau ora bisa dirasakaké sacara langsung déning wong cilik.
Patang perkara mau sing dadi wadanané, pemerintah tetep “wani” utang. Mangka argumentasi mau yèn dijoraké tanpa didandani bakal nyasaraké. Sistem gali lubang timbun lubang, cetha budaya ora apik. Kuduné rancangan belanja ditata mateng, aja kegedhèn empyak kurang cagak. Penerimaan negara kudu diupayakaké mundhak. Yèn isih durung bisa, pengeluarané sing kudu disuda. Tanprabéda uripé wong cilik, luwih becik nyèlèngi dhisik lagi blanja, tinimbang nampa blanjan dhisik nanging di-oyak-2 utang. Bab ratio karo PDB sing katoné cilik, tetep waé abot. Apamanèh yèn digatèkaké, PDB (Produk Domestik Bruto) iku total produksi dalam negri lan asing. Yèn dibandhingaké karo ratio PNB (tanpa asing) mesthi asilé séjé banget. Yèn bab risiko endhèk lan jangka panjang, pancèn katoné ènthèng, mangka yèn kita deleng obligasi rekap BLBI jatuh tempo ing taun 2033, kanthi nilai 127 Triliun. Iki jan nyumelangaké. Kaya perampokan déning pengusaha, sanggané utang ditanggung negara !
Kita ngajap, DPR mèlu tumindak nglèrèni utang. Kita ora kena ke-dlarung-2 nggoné utang, ndadèkaké rakyat saya miskin. Kita wajib nglèrèni utang. Saiba ayemé yèn negara kita ora duwé utang, tanprabéda wong cilik sing uripé bakal ayem tentrem yèn kecukupan butuhé tur ora di-oyak-2 kudu nyarutang. (MW)
0 komentar:
Posting Komentar