Search This Blog

Kiye senes tulisane inyong. kiye tulisane eyang nardi . inyong ijin karo eyang nardi supados inyong bisa ngunggah postinge eyang nardi babagan kudhi kanggo ngisi postingan bloge inyong kiye. postingane eyang nardi asline judule "Kudhi Gamane Wong Banyumas"  teng mriki kula juduli "Kudhine Eyang Nardi" nah niki mangga sami dipun pirsani.... postingane eyang nardi kula kopi komplit teng mriki.... niki:

 
Inyong
egin kelingan. Jaman gemiyen, dhong inyong egin dadi bocah detukokna dolanan kudhi cilik. Kudhi cilik dudu kudhi-kudhian. Kudhi cilik kuwe ya pancen kudhi sing degawe sekang wesi, angger deasah ya kena nggo nyacag, tapi angger kudhi-kudhian kuwe barang dudu kudhi tapi wujude memper kudhi, bisa degawe sekang kayu, kaya kudhine Bawor neng wayang wong.
Kanggone
wong desa, kudhi kuwe dudu barang aneh, wong neng dsa ya egin gampang nemoni wong nganggo utawa duwe kudhi. Beda karo neng kota apa maning neng daerah seliyane tlatah Banyumas, nggolet wong sing ngerti apa kuwe kudhi kayonge wis angel pisan nemune, mesthine kejabane neng pasar.
Akeh wong
sing ngarani kudhi kuwe senjatane wong Banyumas. Sejatine kudhi kuwe dudu sejatane wong Banyumas, tapi salah sijin pedhama utawa alat kerjane wong Banyumas. Dene senjatane wong Banyumas kuna kuwe arupa penthungan, sing bisa degawe sekang penjalin, ruyung utawa galih asem, sing jaman siki penthungan kuwe degawe sekang karet, dadi pentungane pulisi utawa satpam. Dadi senjatane wong Banyumas kuwe ora mateni, mung nglumpuhaken, merga sing biasa depenthung (biasane maling) kuwe dudu sirahe ningen gares sikile.
Angger
dedeleng sekang sejarah, kit jaman kuna makuna kudhi wis denggo nggo ala kerja neng masyarakat Jawa kit Jawa kulon gutul ngetan neng Jawa wetan, kanti sebutan sing beda-beda ningen wujude meh padha ya kuwe mblendhuk neng tengah, kaya wong wadon lagi meteng tuwa kae. Nganti seprene wong Banyumas egin nganggo kudhi nggo pedhama, senajan neng tlatah sejen wis langka sing nganggo kudhi kuwe.
Inyong
egin kelingan, gemiyen dhong egin dadi nom-noman saben dina Ahad Pon inyong duwe tugas kon ngetutna paman Wiryani, ngrewangi met klapa neng kebon karo neng sawah. Inyong tugase ora kon menenk wit klapa, mung kon nuturi karo ngumpulna klapa-klapa sing depet neng man Wiryani. Man Wiryani kuwe tukang ngrumat wit klapa sing wis kondhang neng desa inyong (Pabuwaran). Gole ngreseki ya bersih, pinter milih klapa sing tuwa. Dene pedhamane man Wiryani kejaba andha, ya mung kudhi, ningen kudhine man Wiryani kuwe beda karo kudhine wong-wong liyane.
Kepara lewih cilik, landhep merga saking awete lan sering deasah neng wungkal, dadi angger nggo menclas apa-apa kayong gampang pisan.
Kudhi sing kumplit, wujude ana 4 (patang) perangan yakuwe: gaman, garan, karah, karo kethoprak.
  1. Gaman, degawe saka wesi sing delapisi utawa desepuh waja ben angger deasah dadi landhep.  Bagian gigir utawa mburine lewih kandel ketimbang bagian ngarepe. Bbagian mburi kepara lewih lempeng ketimbang bagian ngarepe, sing ana blendhukan utawa lengkung karo lancip bagian pucuke, Bagian sing mblendhuk biansa nggo nyacag utawa nugel barang-barang sing kepara atos lan gedhe. Bagian sing lebkun neng ndhuwur blendhukan biasane nggo ngoyoti utawa ngirat barang-barang sing lemes (tali) dene bagian pucuk sing kepara madan lancip biasane nggo gaweni lubang utawa bolongan. Bagian mburi utawa gigire sing kepara lewih kandel kuwe biasa nggo nggethik utawa nuthuk barang sing atos ben pecah. Bagian gigi krpara nduwur cokan ana bolongan cilik sing ukurane beda-beda ngemu maksud kena nggo njongket (ngungkit) endhas paku. Bagian sekang gaman sing cilik lancip neng bagian ngisor jenenge paksi biasa nggo sambungan karo garane.
  2. Garan, degawe sekang kayu sing madan atos, degilig madan dawa maksude nggo cekelan. Ben ora lunyu cekelane biasane garan degawe ora polos, ningen degawe rigik-rigik alus. Paksi gaman detancepna maring garan kanti kenceng, ora gampang oklek angger nggo nyacak utawa
    nggethik.
  3. Ben garane ora gampang pecah merga deiseni paksi gaman, neng pucuk garan dewei karah sekang pipa wesi.
  4. Kethoprak kuwe wadhah kudhi, sing cakerise ya warangkane.  Kethoprak degawe saka kayu kaya blabag sepasang (rong lebar) degowaki gowakane deadhepna terus degandheng dadi siji (depaku). Kethoprak dewei tali nggo njiretna kethoprak kuwe neng beyekan, Angger degawa mlaku obahing kudhi nabraki kayune dadi moni kethoprak-kethoprak.
Kanti ndeleng kahanan sing kesebut ndhuwur kuwe, jelas lamona kudhi kuwe dudu senjata utawa alat perang, ningen arupa pedhama utawa alat kerja tradisinonal Banyumas sing serba-guna, nggo nggarap pegawean apa baen, kasar alus utawane gawe bolongan ya teyeng.
 

 Harian Banyumas, Kamis Kliwon, 16 April 2015

1 komentar:

Labels

pemilu (25) Pilpres (22) Berita (21) BBC (20) Dunia (20) Hari Ini (20) Cilacap (19) Download (16) Technology (13) Music (12) Perda (12) People (11) Pemilu2014 (9) Pilpres 2014 (9) Web Design (9) Graphic Design (8) Motion Design (8) DCS (7) Fashion (7) Foods (7) PEMILU 2019 (7) Sports (7) Video (7) Gallery (6) Nature (6) Travel (5) tv streaming (5) Phone (4) Cars (3) Cilacap Regency (3) City (3) Entertainment (3) Kesehatan (3) Kuliner (3) Wisata (3) Banyumasan (2) Central Java (2) Indonesia (2) Miras (2) Movies (2) PPWP (2) Pemilu Presiden (2) Print Design (2) RUBRIK (2) Rekap (2) Server (2) SlideShare (2) Title (2) Update (2) VOA (2) inovator (2) kopi (2) BASARNAS (1) PENEMUAN MAYAT (1) 2019 (1) Ada (1) Africa (1) Alaming Lelembut (1) Ardi (1) Asia (1) BASARNAS (1) Calvin Harris (1) DIRGAHAYU (1) Dan (rank) (1) Gaji PNS (1) Gaji ke-13 (1) Gaya Hidup (1) Government (1) HUT RI (1) KPU (1) Kebumen (1) Kenya (1) Korupsi (1) Kudhi (1) Kudu (1) Lebaran (1) Lecturer (1) Los Angeles (1) MTN Group (1) Microsoft PowerPoint (1) New Zealand First (1) Panyebar Semangat (1) Parpol (1) Parpol Pemilu 2019 (1) Penemuan Mayat (1) Pensiunan PNS (1) Peraturan Bupati tahun 2011 (1) Peraturan Bupati tahun 2012 (1) Peraturan Bupati tahun 2013 (1) Peraturan Bupati tahun 2014 (1) Perbup 2011 (1) Perbup 2012 (1) Perbup 2013 (1) Perbup 2014 (1) Perda Cilacap tahun 2000-2014 (1) Perda Cilacap tahun 2004 (1) Perda Cilacap tahun 2005 (1) Perda Cilacap tahun 2006 (1) Perda Cilacap tahun 2007 (1) Perda Cilacap tahun 2008 (1) Perda Cilacap tahun 2009 (1) Perda Cilacap tahun 2010 (1) Perda Cilacap tahun 2011 (1) Perda Cilacap tahun 2012 (1) Perda Cilacap tahun 2013 (1) Perda Cilacap tahun 2014 (1) Peserta Pemilu 2019 (1) Pilpres2014 (1) Programming (1) Radio New Zealand (1) Rita Ora (1) Saka (1) Salah (1) Selasa (1) Short (1) Smiths (1) TIMSAR (1) Test (1) United States (1) Winston Peters (1) X Factor (1) air putih (1) alam (1) alzheimer (1) anti beku (1) apel (1) bakin soda (1) barista (1) batu ginjal (1) bawang bombay (1) brokoli (1) buah-buahan (1) cappucino (1) centhini (1) cnntvlivestreaming (1) dakwah (1) enzim (1) espresso (1) gigi (1) gizi (1) indomie (1) instan (1) italia (1) jawa (1) jeruk (1) kacang-kacangan (1) kamasutra (1) kanker (1) karsinogen (1) keju (1) latte macchiato (1) mie (1) ngapak (1) parkinson (1) pir (1) pohon tertua (1) sehat. penyakit (1) serat (1) strawberry (1) supermi (1) susu (1) tekanan darah (1) wortel (1) yoghurt (1)
 
Top